Ing
Pantai Lor Pulo Jawa ( Pantura ), sekitar Gunung Muria bagian Wetan, ana
penguasa sing kasebut Adipati, wilayah kekuasaane kasebut kadipaten. Ana
penguasa loro jaman iku yaiku kadipaten Paranggaruda lan kadipaten Carangsoka.
Kadipaten Paranggaruda dipimpin Adipati Yudhapati, wilayahe saka kali Juwana
mengidul nganti pegunungan gamping lor batesan karo wilayah kabupaten Grobogan.
Yudhapati nduweni putra jenenge Raden Jasari.
Sawetara
iku, kadipaten Carangsoka dipimpin dening adipati Puspa Andungjaya, wilayahe
saka lor kali Juwana nganti Pantai Lor Jawa Tengah bagian Wetan. Adipati
Carangsoka nduwe anak wadon jenenge Rara Rayungwulan.
Kacarita,
lelorone kadipaten iku urip rukun padha ngurmati siji lan sijine. Kanggo
nglestarekake pasedulurane, penguasa Kadipaten sarujuk ndaupake putra lan
putrine.
Adipati
Paranggaruda ngirim utusane nglamar Rara Rayungwulan, putrine Adipati
Carangsoka. Lamarane ditampa, nanging calon penganten putrid njaluk bebana
supaya ing acara pahargyan boja wiwaha dhaup dimeriahake pagelaran wayang
kanthi dalang kondhang sing jenenge Sapanyana.
Kanggo
nglurusake bebana iku Adipati Paranggaruda yaiku Adipati Yudhapati nugasake
Yuyurumpung, penggedhe ing Paranggaruda. Kanggo nglaksanakake tugase,
Yuyurumpung niat nglumpuhake wibawa kadipaten Carangsoka kanthi cara nguasai
pusaka piyandele kadipaten Carangsoka pusaka keris rambut pinutung lan kuluk
kadigoro sing diduweni raden Sukmayana, penggene Majasemi, salah sijine bagian
kadipaten Carangsoka.
Pusaka
loro kasil kajupuk kanthi bantuan Sondong Majeruk, wong sekti ing Paranggaruda.
Nanging sak durunge diwenehake Yuyurumpung, pusaka loro bisa direbut dening
Sondong Makarti sala Wedari. Wasana Sondong Majeruk mati, pusaka keris rambut
pinutung lan kuluk kanigara diaturake Raden Sukmayana.
Sanadyan
mangkana Yuyurumpung kasil nerusake tugase nggoleki dhalang sapanyana supaya
dhaupe putra adipati parang garuda lan putrine adipati Gatangsoko bisa
kaleksanan. Nanging ngepasi acara resepsi nembe kawiwitan, penganten putri
ninggalake kursi penganten menyang panggon lan mlayu karo dhalang Sapanyana
saengga dhaupe Raden Jasati lan Rara Rayungwulan ora sida dileksanakake.
Adipati
Yudhapati rumengsa diasorake, akhire mutusake memungsuhan karo adhipati puspa
andungjaya. Kadipaten loro sing rikala semana urip rukun akhire perang. Ana ing
paperangan iku, pemimpin prajurit kadipaten Carangsoka, Raden Sukmayana gugur
lan digentani adhike yaiku Raden Kembangjaya. Kanthi dibantu dalang Sapanyana
sing nggunakake pusaka sekti, kasil menang ana ing paperangan lawan kadipaten
Paranggaruda. Adipati Paranggaruda Yudhapati lan putrane Raden Jasari gugur.
Karana jasane Raden Kembangjaya didhaupake karo Rr. Rayungwulan lan diangkat
ngganteni Yudhapati dadi adipati, dalang Sapanyana diangkat dadi patih kanthi
gelar Singasari. Kanggo ngatur pemerintahan sing ditambah amba ngidul, adipati
R. Kembangjaya mindahake pusat pemerintahan ana ing desa Kemiri kanthi ngganti
dadi kadipaten Pesantrenan lan jejuluk adipati Jayakusuma. Raden Jayakusuma
nduweni putra jenenge Raden Tambranegara.
Kanggo
ngembangake pembangunan lan pemerintahan, Raden Tambranegara mindahaken pusat
pemerintahan sing sakdurunge ana ing Kemiri arah ngulon ing desa Kaborongan,
jeneng Pesantenan uga diganti dadi Kadipaten Pati.
Dumadosipun Nama Kutha Pati
Raden Kembang Jaya
kawisudha dados Adipati Carangsoka nggantos palenggahanipun ingkang rama
marasepuh kanthi gelar asma Adipati Jaya Kusuma. Sawatawis wekdal Sang Adipati
lerem ing Kadipaten Carangsoka ing tlatah Wedarijaksa, panjenganipun lajeng
dhawuh dhateng para kawula Carangsoka supados
bidhal dhateng wana Kemiri.
Saksampunipun
nyuwun pangesu dhateng marasepuh, saha pamit ingkeng garwa kinasih sesilih Dewi
Rayung wulan, Sang Adipati tuwin para pandherek bidhal sesarengan tumuju
dhateng wana Kemiri. Adipati Jaya Kusuma nitih turangga, makatena ugi Patih
Sapanyana. Dene para pandherek sanesipun naming numpak sukunipun piyambak –
piyambak alias mlampah.
Wana
Kemiri wekdal sewau taksih awujuf alas bebandhotan, singit, lan gawat kaliwat –
liwat, akeh sato galak kadosta simo,bruwang, sawer upas kadosta king kobra,
celeng sak genjik – genjike, segawon alas an utawi serigala lsp. Dipun wastani
singit jalaran taksih kathah jin – jin ingkang remen ngganggu damelipun
manungsa. Gendruwo, banasapati, sundel boleh, engklek – engklek balung lan
lelembut sanesipun ugi taksih kathah cumondhok ing ngriku. Sadaya remen
ngganggu tumindakipun manungsa.
Kacariyos
nalikanipun babat alas menika kathah kedadosan ingkang aneh – aneh.
Umpaminipun, wit – witan sampun dipuntegor ambruk, ee lha dalah, ngadeg maneh.
Dipuntegor malih wangsul ngadeg malih. Ananging Sang Adipati minangka salah
satunggaling janma kang linuwih, ateges gadhah piyandel ngelmu ingkang cekap.
Kanthi pusaka keris rambut pinutung saha kuluk kanigara, ugi kabantu dening
Patih Sapanyana, bangsa alus sedaya teluk, tundhuk, manut dhateng kersanipun
Sang Adipati. Kanthi makaten, pramila boten antawis dangu sampun rampung
anggenipun babat alas.
Kangge
ngicalaken raos lungrah, lan sayah Sang Adipati kadherekaken Patih Sapanyana
tedhak ameng – ameng sakanan – keringipun papan mriku. Panjenganipun pinanggih
bakul dhawet.
“
Kowe sapa jenengem, lan saka ngendi omahem, uga dodolan apa iki?” Sang Adipati
paring pandangu dhateng baku dhawet menika kanthi dialek ndesane.
“ Nami kula Enggok,
ndara. Kula saking dhusun Winong Kidul, ndara. Kula sadeyan dhawet, ndara!”
Enggok bakul dhawet paring wangsulan katur dhateng Sang Adipati.
“ Biasane sing tuku
sapa, wong ning tengah alas, ora ana wong ning kene!” Pandangunipun Patih
Sapanyana.
“ Nggih, nembe dinten
niki kula sadeyan dhawet, amargi mireng menawi ndara Adipati badhe babat alas
kemiri. Marga dara menawi kersan ngunjuk dhawet damelan kula,” Enggok ngaturi
dhateng Adipati Jayakusuma saha Patih Sapanyana kanthi andhap asor.
“ Coba aku ngersakake
ngunjuk sakcangkir ae!” Patih Sapanyana dhawuhi Enggok.
“ Mangga ndara Patih,
nuwun sewu wadhahe naming cingkir saking lemah.”
“ Wah, enak tenan,
seger mak nyus!” Ngendikanipun Sapanyana.
“ Nuwun sewu menapa
Kanjeng Adipati Ngersakaken ngunjuk?” Sapanyana ngaturi Sang Adipati.
“ Iya, coba sakcingkir
ae kakang!” Saksampunipun Adipati Jayakusuma ngresepi dhawet, sariranipun kraos
seger sumyah, sehat walafiat gitu loh!Lajeng pitaken dhateng bakulipun.
“ Enggok akur arep
takon marang kowe, dhawet iki sing digawe saka apa?”
“ Niki namine cendhol
dipundamel saking pathi aren, sing pethak nike namine santen, lha sing marahi
manis legi niki tebu kula peres toyane!”
“ Eeeee, ya,ya pinter
kowe, nek ngono kabeh para pandherek padha didhawuhi ngombe dhawet iki, tumpra
Enggok sesuk kowe didhawuhi teka mrene maneh nggawa dhawet kaya iki!”
“ Nggih kula sendika
dhawuh Ndara Adipati?”
Saklajengipun Patih Sapanyana nimbali para pandherek
ingkang nembe sami nyambut damel supados ngaso sawatawis kaliyan nginum dhawet.
Sang Adipati sampun sedinten anggenipun neggani para kawula babat alas kemiri.
Kersanipun lajeng kondur ing dalem Kadipaten ing Wedari. Pakaryan kalajengaken
dinten candhakipun kapimpin dening Patih Sapanyana.
Saksampunipun wekdal setunggal
wulan wana kemiri resik, sumilak padhang. Pakaryan kalajengaken ndamel pendhapi
Kadipaten, dalem palereman Sang Adipati, griya – griya kangge nayakaning
kadipaten ugi kabangun kanthi sae. Umpaminipun, dalemnipun Patih, Jeksa,
Temanggung, lsp. Ing sangajengipun pendhapi kadipaten dipuntanem wit ringin
kalih cacahipun. Boten kesupen margi ugi
sampun katata kanthi sae. Para kawula ingkang sami ndherek gugur gunung nyambut
damel gotong royong babat alas kemiri dipunparingi bebana utawi hadiyah awujud pasiten
utawi tanah pekarangan kangge ngedegaken griya.
“ Kanjeng Adipati
kepareng atur palapuran, bilih babad wana Kemiri sampun rampung. Makaten ugi
pendhapi kadipaten ugi sampun jumeneng ing Kemiri. Aturipun Patih Sapanyana
dhateng Adipati Jaya Kusuma.
“ Iya Kakang Sapanyana
daktampa palapuranmu. Sesuk, aku saha garwaku bakal ngersakake jengkar saka
papan kene tumuju ing Desa Kemiri.” Adipati Jayakusuma tuwin garwa prameswari
Dewi Rayungwulan badhe jengkar saking Wedari dhateng Kemiri. Sedaya lajeng sami
siaga.
Ing dinten candhakipun,
Adipati Jaya Kusuma tubin garwa nitih grobag jaran, Patih Sapanyana dalah para
nayakaning kadipaten nitih turangga, dene para lurah mlampah dampyak – dampyak
lampahipun sesarengan tumuju Pendhapi Kadipaten enggal di Dusun Kemiri.
Anggenipun bidhal kawiwitan jam pitu enjing, mlampahipun alon – alon saengga
dumugi ing Dusun kemiri jam sedasa enjing.
Ing dhusun Kemiri
sampun pepak andher para kawula ingkang sami badhe kepengin mangertos
pemimpinipun ingkang enggal. Kajawi saking menika para kawula ugi kepengin
mangertos papan panggenan enggal minangka punjering kadipaten. Mboten kesupen
Enggok tiyang ingkang sadeyan dhawet ugi sampun mapan ing saklebeting
kadipaten. Piyambakipun dipunparingi kalenggahan pangkat minangka pangarsa juru
masak kadipaten.
Rikala Sang Adipati
dalah para pandherek/pangiring lumeber ing Dhusun Kemiri para kawula sami
keplok, lan surak – surak.Wonten kawula ingkang bengak – bengok, “ Wah
adipatine nggantheng, ya?” Sanesipun semaur, Iya ae, wong iku turunane raja
Inggris”. “ Eh……..garwane ayune kaya Bunga Citra Lestari iku lo, bintang pilem
sing nek Tipi”. “ Ngawur ae ke ku, biyen rung ana tipi”.Adipati Jaya Kusuma
tuwi garwa pramenwari Dewi RayungWulan sampun lenggah jejer ing ing sitinggil
ngajeng pendhapi kadipaten. Sang Adipati kaadhep dening para nayakaning
kadipaten. Lajeng jumeneng arsa paring pangandika. Sambutan, le, ndhuk,
rungokna, ya?
“ Para kawulaku sing
daktresnani, dina iku aku paring dhawung maran sira kabeh. Ya aku iki Adipati
Jaya Kusuma yaiku Adipati Carangsoka kang anyar. Aku nggenti kalenggahane Rama
Handhungjaya, jalaran kanjeng rama maringi kalenggahan iki marang aku. Kajaba
saka iku Rama Handhungjaya sampuh sepuh. Kaping loro, daktetepake menawa
Kadipaten Carangsoka saiki takgenti jeneng dadi Kadipaten Pathi Pesantenan.
Jeneng iki takjupuk nalika aku saha Kakang Patih Sapanyana ngunjuk dhawet sing
digawe saka pathi aren lan santen klapa. Mula kawulaku kabeh wiwit dina iki nek
arep lapuran bab apa ae, urusane ing Dhusun Kemiri kene.”
“ Inggih ndara Adipati”
Wangsulipun para kawula Pathi. Para kawula mireng pangandikanipun Sang Adipati
sami surak – surak gumbira. Antawisipun tiyang setunggal lan setunggalipun sami
caturan.
“ Kang………..kang, saiki jenenge kadipaten wis genti, lo”.
“ Piye, leh wis genah ngono kok takok, jenenge yaiku
Kadipaten Pathi Pesantenan.”
Makaten saksampunipun negari Indonesia
mardika nama Pathi Pesantenan menika lajeng dipuncekak dados Pati ngantos
sakniki. ( Adhedasar cariyosipun sesepuh saking Dhusun Sarirejo, Pati ).

Tidak ada komentar:
Posting Komentar